-
Mazmur 96:7-13Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
7 Hé kowé suku-suku bangsa, luhurna Yéhuwah.
Pujinen Yéhuwah merga kemuliaan lan kekuwatané.+
8 Luhurna Yéhuwah merga jenengé.+
Kowé kudu nggawa hadiah lan mlebu ing halamané.
9 Kowé kudu sujud marang* Yéhuwah nganggo klambi sing suci.
Hé kabèh wong ing bumi, kowé kudu wedi marang* Dhèwèké.
10 Umumna ing antarané bangsa-bangsa, ”Yéhuwah wis dadi raja.+
Bumi tetep ana ing panggonané lan ora isa digoncangké.
Dhèwèké bakal adil wektu ngadili* manungsa.”+
11 Muga-muga langit lan bumi ngrasa seneng.
Muga-muga laut sak isiné padha sorak-sorak merga seneng.+
12 Muga-muga padhang rumput lan kabèh sing ana ing kono ngrasa seneng.+
Muga-muga wit sing ana ing hutan ya sorak-sorak merga seneng ing ngarepé Yéhuwah,+
13 Merga Dhèwèké teka*
Kanggo ngadili bumi.
Dhèwèké bakal adil wektu ngadili wong-wong ing bumi.+
Dhèwèké setya wektu ngadili bangsa-bangsa.+
-