-
Purwaning Dumadi 30:22Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
22 Gusti Allah ora lali karo Rakhèl. Rakhèl dadi isa meteng+ merga Gusti Allah ngrungokké lan njawab dongané.
-
-
Purwaning Dumadi 49:22-26Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
22 ”Yusuf+ kuwi cabang saka wit sing buahé akèh. Dhèwèké kuwi cabang saka wit sing thukul ing pinggiré mata air, sing cabang-cabangé luwih dhuwur saka témbok. 23 Para pemanah sengit karo dhèwèké. Para pemanah kuwi nyerang lan manah dhèwèké.+ 24 Dhèwèké tetep kuwat nyekel busuré,+ lan tangané kuwat lan cekatan.+ Dhèwèké isa kaya ngono merga asalé saka Sing Kuwat, sing nulungi Yakub, yaiku saka Gembala lan Watuné Israèl. 25 Dhèwèké* kuwi hadiah saka Gusti Allahé bapaké, lan Gusti Allah bakal nulungi dhèwèké. Dhèwèké ana karo Sing Mahakuwasa, lan Gusti Allah bakal mberkahi dhèwèké nganggo berkah saka langit lan berkah saka banyu sing jero,+ lan Gusti Allah bakal mberkahi dhèwèké nganggo anak lan ternak sing akèh. 26 Berkahé bapaké ngungkuli kabèh sing apik saka gunung sing ana saklawasé lan luwih apik timbang bukit-bukit sing ana saklawasé.+ Yusuf, sing dipilih saka antarané kakang adhiné,+ bakal terus nampa berkah kuwi.*
-