8 Daud lan kabèh wong Israèl padha semangat banget ngrayakké kuwi ing ngarepé Gusti Allah sing bener nganggo nyanyian, harpa, alat-alat musik liyané sing nganggo senar, rebana,+ simbal,+ lan trompèt.+
16 Terus, Daud ngongkon para pemimpiné wong Lèwi nglantik sedulur-seduluré wong Lèwi, yaiku para penyanyi. Wong-wong kuwi bakal nyanyi karo seneng lan diiringi alat-alat musik, yaiku alat musik bersenar, harpa,+ lan simbal.+
5 Asaf+ sing dadi pemimpiné, lan Zakharia dadi wong sing nomer loro sakwisé Asaf. Yéièl, Syémiramot, Yéhièl, Matitia, Èliab, Bénaya, Obèd-édom, lan Yéièl+ mainké alat musik bersenar lan harpa,+ Asaf sing mainké simbal,+