25Terus, Daud lan para pemimpin kelompok pelayanan misahké sebagéan anak-anaké lanang Asaf, Héman, lan Yédutun+ kanggo ngramal karo diiringi harpa, alat musik sing nganggo senar,+ lan simbal.+ Wong-wong sing ditugaské kanggo pelayanan iki yaiku:
3 Saka anak-anaké lanang Yédutun,+ ana enem: Gédalia, Zéri, Yésyaya, Syiméi, Hasyabia, lan Matitia.+ Wong-wong kuwi dipimpin Yédutun bapaké sing ngramal karo diiringi harpa. Dhèwèké ya ngucap syukur lan muji Yéhuwah.+