-
1 Samuèl 16:11, 12Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
11 Akhiré, Samuèl takon marang Isai, ”Apa mung iki anak-anakmu?” Isai njawab, ”Isih ana sing terakhir.+ Dhèwèké lagi angon domba.”+ Terus Samuèl kandha, ”Undangen* mréné, merga awaké dhéwé ora bakal mangan sakdurungé dhèwèké teka.” 12 Mula, Isai ngongkon wong ngundang* anaké kuwi. Anak kuwi isih enom, mripaté apik, lan wajahé nggantheng.+ Terus Yéhuwah kandha, ”Ya iki wongé. Kowé kudu nglantik dhèwèké.”+
-