13 Dhèwèké sing bakal mbangun omah kanggo jeneng-Ku,+ lan Aku bakal nggawé dhèwèké mréntah nganti saklawasé.+ 14 Aku bakal dadi Bapaké, lan dhèwèké bakal dadi anak-Ku.+ Nèk dhèwèké nggawé salah, dhèwèké bakal Tak élikké. Dhèwèké ya bakal Tak gebug kaya bapak nggebug anaké.+