21 Pas mréntah dadi raja, Amon+ umuré 22 taun lan mréntah rong taun suwéné ing Yérusalèm.+ 22 Amon terus nindakké apa sing jahat nurut pandhangané Yéhuwah, kaya sing tau ditindakké Manasyé bapaké.+ Dhèwèké mènèhké korban kanggo kabèh patung ukiran gawéané Manasyé bapaké,+ lan terus nglayani kuwi.