-
2 Para Raja 22:3-6Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
3 Ing taun ke-18 pamréntahané, Raja Yosia ngutus sekretaris kerajaan, yaiku Syafan anaké Azalia anaké Mésyulam, menyang omahé Yéhuwah,+ kandhané, 4 ”Lungaa marang Imam Agung Hilkia,+ lan kongkonen dhèwèké nglumpukké kabèh dhuwit sing digawa menyang omahé Yéhuwah,+ sing wis diklumpukké para penjaga lawang.+ 5 Terus, wènèhna dhuwit kuwi marang wong-wong sing ditugaské kanggo ngawasi gawéan ing omahé Yéhuwah. Para pengawas kuwi bakal nyerahké dhuwit mau marang wong-wong sing kerja kanggo ndandani bagéan sing rusak* ing omahé Yéhuwah,+ 6 yaiku para pengrajin, tukang bangunan, lan tukang batu. Wong-wong kuwi bakal nggunakké dhuwit mau kanggo tuku kayu lan watu sing wis dipotong kanggo ndandani omah kuwi.+
-