-
Yérémia 21:1, 2Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
21 Yéhuwah ngomong manèh marang Yérémia wektu Raja Zédékia+ ngutus wong loro nemoni Yérémia, yaiku Pasyur+ anaké Malkhiya lan Zéfanya+ anaké Maaséya. Raja nyampèkké pesen iki: 2 ”Tulung takona marang Yéhuwah apa sing bakal awaké dhéwé alami merga raja Babilon arep perang nglawan awaké dhéwé.+ Mungkin Yéhuwah bakal nggawé mukjijat kanggo awaké dhéwé bèn raja kuwi mundur.”+
-
-
Yérémia 38:14Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
14 Terus, Raja Zédékia ngutus wong kanggo nggawa Nabi Yérémia nemoni Raja ing dalan mlebu ketelu sing ana ing omahé Yéhuwah. Raja kandha marang Yérémia, ”Aku arep takon marang kowé. Aja nganti ana sing mbok tutup-tutupi.”
-
-
Yérémia 38:24Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
24 Terus Zédékia kandha marang Yérémia, ”Aja nganti ana sing ngerti soal iki bèn kowé ora mati.
-