Yérémia
34 Wektu Nébukhadnézar* raja Babilon bareng karo kabèh pasukané, kabèh kerajaan ing bumi sing dikuwasani dhèwèké, lan kabèh bangsa liyané padha nyerang Yérusalèm lan kabèh kuthané,+ Yéhuwah ngomong marang Yérémia,
2 ”Iki sing diomongké Yéhuwah Gusti Allahé Israèl: ’Kandhaa marang Zédékia+ raja Yéhuda, ”Yéhuwah ngomong ngéné: ’Aku bakal nyerahké kutha iki marang raja Babilon, lan kutha iki bakal diobong.+ 3 Kowé ora bakal isa lolos, merga kowé mesthi bakal ditangkep lan diserahké marang dhèwèké.+ Kowé bakal digawa menyang Babilon. Kowé bakal ketemu langsung lan omong-omongan karo raja Babilon.’+ 4 Ning, hé kowé Zédékia raja Yéhuda, rungokna omongané Yéhuwah, ’Iki sing diomongké Yéhuwah soal kowé: ”Kowé ora bakal dipatèni nganggo pedhang. 5 Matimu bakal tenang.+ Kaya pas wong-wong mbakar rempah-rempah kanggo nènèk moyangmu, yaiku raja-raja sakdurungé kowé, wong-wong ya bakal mbakar rempah-rempah wektu ngubur kowé. Wong-wong kuwi bakal nangisi kowé karo kandha, ’Adhuh, rajaku!’ merga ’Aku wis ngomongké kuwi,’ kandhané Yéhuwah.”’”’”
6 Terus, Nabi Yérémia nyampèkké kuwi kabèh marang Zédékia raja Yéhuda ing Yérusalèm. 7 Wektu kuwi, pasukané raja Babilon perang nglawan Yérusalèm lan nglawan kabèh kutha Yéhuda sing isih ana,+ yaiku Lakhis+ lan Azéka.+ Ing antarané kutha-kutha sing ana bèntèngé ing Yéhuda, mung kari rong kutha kuwi sing isih ana.
8 Yéhuwah kandha marang Yérémia sakwisé Raja Zédékia nggawé perjanjian karo wong Yérusalèm kanggo mbébaské para budhak.+ 9 Saben wong kudu mbébaské budhak-budhak Ibraniné, lanang lan wédok, bèn ora ana wong Yahudi sing nduwé budhak padha-padha wong Yahudiné. 10 Kabèh pemimpin lan rakyat padha nindakké kuwi. Wong-wong kuwi wis setuju karo perjanjian kanggo mbébaské budhak lanang lan wédok lan ora bakal ndadèkké wong-wong kuwi budhak manèh. Kabèh wong kuwi padha manut lan mbébaské kabèh budhaké. 11 Ning sakwisé kuwi, wong-wong kuwi nggawa bali manèh budhak lanang lan wédok sing wis dibébaské mau, terus dipeksa dadi budhak manèh. 12 Mula Yéhuwah ngomong marang Yérémia. Iki sing diomongké Yéhuwah:
13 ”Iki sing diomongké Yéhuwah Gusti Allahé Israèl, ’Pas Aku nggawa nènèk moyangmu metu saka Mesir, yaiku panggonan wektu kowé dadi budhak,+ Aku wis nggawé perjanjian karo wong-wong kuwi,+ sing isiné: 14 ”Ing taun kepitu, kowé kudu mbébaské sedulurmu wong Ibrani sing wis diedol marang kowé dadi budhakmu lan sing wis kerja enem taun suwéné. Kowé kudu mbébaské dhèwèké.”+ Ning, nènèk moyangmu ora ngrungokké utawa manut karo Aku. 15 Akhir-akhir iki* kowé wis berubah lan nindakké apa sing bener nurut pandhangan-Ku lan mbébaské budhakmu sing padha-padha wong Yahudiné. Kowé ya nggawé perjanjian ing ngarep-Ku, ing omah sing disebut nganggo jeneng-Ku. 16 Ning, kowé berubah manèh lan nggawé najis jeneng-Ku.+ Kowé nggawa bali manèh budhakmu lanang lan wédok sing wis mbok bébaské sesuai kepénginané wong-wong kuwi lan meksa wong-wong kuwi dadi budhak manèh.’
17 ”Mula, iki sing diomongké Yéhuwah: ’Kowé wis ora manut karo Aku soal mbébaské sedulurmu lan wong sing sak bangsa karo kowé.+ Kuwi sebabé Aku bakal mbébaské kowé,’ kandhané Yéhuwah, ’yaiku wektu kowé mati merga pedhang, wabah penyakit, lan kelaparan.+ Aku bakal nggawé wong-wong saka kabèh bangsa ing bumi padha wedi merga ngerti sing mbok alami.+ 18 Iki sing bakal dialami wong sing nglanggar perjanjian-Ku lan sing ora nindakké isi perjanjian sing wis digawé ing ngarep-Ku nganggo cara mbelah anak sapi dadi loro, terus mlaku ing antarané potongan-potongan sapi kuwi,*+ 19 yaiku para pemimpin Yéhuda, pemimpin Yérusalèm, pejabat istana, para imam, lan kabèh rakyat tanah iki sing wis mlaku ing antarané potongan-potongan sapi kuwi: 20 Aku bakal nyerahké wong-wong kuwi marang mungsuh-mungsuhé lan marang wong-wong sing péngin matèni wong-wong kuwi. Mayaté bakal dipangan manuk-manuk ing langit lan kéwan-kéwan liar ing bumi.+ 21 Zédékia raja Yéhuda lan para pejabaté bakal Tak serahké marang mungsuh-mungsuhé, marang wong-wong sing péngin matèni wong-wong kuwi, lan marang pasukané raja Babilon+ sing saiki ora ngepung kowé manèh.’+
22 ”Yéhuwah kandha, ’Aku bakal mènèhi préntah, lan Aku bakal nggawa wong-wong kuwi bali manèh menyang kutha iki. Wong-wong kuwi bakal nyerang, ngrebut, lan ngobong kutha iki.+ Aku bakal nggawé kutha-kutha Yéhuda dadi gersang lan ora ana sing ngenggoni.’”+