-
2 Babad 7:12-14Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
12 Terus, Yéhuwah nemoni Salomo+ pas bengi lan kandha, ”Aku wis ngrungokké dongamu, lan Aku wis milih panggonan iki kanggo dadi omah persembahan korban.+ 13 Nèk Aku nutup langit nganti ora ana udan, ngongkon walang nyerang tanah iki, utawa ngirim wabah kanggo umat-Ku, 14 terus umat-Ku sing disebut nganggo jeneng-Ku+ kuwi ngrendhahké dhiri,+ ndonga, nggolèki Aku, lan mertobat saka tumindaké sing jahat,+ Aku bakal ngrungokké saka swarga lan ngapura dosa-dosané, lan nggawé tanah kuwi subur manèh.+
-