PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Pangentasan 34:6, 7
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 6 Yéhuwah liwat ing ngarepé Musa lan kandha, ”Yéhuwah, Yéhuwah, Gusti Allah sing apikan,+ gampang mesakké,+ sabar,+ nduwé katresnan* sing gedhé banget,+ mesthi nepati janjiné,*+ 7 nduduhké katresnan sing langgeng* marang wong akèh,+ lan ngapura kesalahan, pelanggaran, lan dosa.+ Ning, wong sing jahat ora bakal bébas saka hukuman.+ Nèk ana wong sing salah, anak-anaké, putuné, lan buyuté* bakal mèlu nanggung kesalahané.”+

  • Yésaya 1:18
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 18 Yéhuwah kandha, ”Ayo masalahé awaké dhéwé dirampungké.+

      Senajan dosamu abang banget kaya getih,

      Kuwi bakal dadi putih kaya salju.+

      Senajan dosamu kaya kain sing wernané abang,

      Kuwi bakal dadi putih kaya wol.

  • Yésaya 44:22
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 22 Kesalahanmu bakal Tak apura,*

      Lan dosamu bakal Tak tutupi kaya nganggo méga.+

      Mertobata, lan kowé bakal Tak tebus.+

  • Yérémia 50:20
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 20 Yéhuwah kandha, ”Wektu kuwi,

      Wong-wong bakal nggolèk-nggolèk kesalahané Israèl, ning ora isa nemokké.

      Wong-wong ya bakal nggolèk-nggolèk dosané Yéhuda, ning ya ora ketemu

      Merga wong-wong sing isih urip kuwi bakal Tak apura.”+

  • Danièl 9:9
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 9 Yéhuwah Gusti Allahku, Njenengan nduwé rasa mesakké lan seneng ngapura,+ ning aku lan bangsaku wis mbrontak marang Njenengan.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim