-
2 Babad 14:11Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
11 Bar kuwi, Asa ndonga marang Yéhuwah Gusti Allahé,+ ”Oh Yéhuwah, kanggoné Njenengan ora masalah nulungi wong sing kuwat* utawa ringkih.+ Oh Yéhuwah Gusti Allahku, tulungana aku lan bangsaku merga aku ngendelké Njenengan.+ Aku lan bangsaku ngadhepi pasukan iki nganggo jeneng-Mu.+ Oh Yéhuwah, Njenengan kuwi Gusti Allahku. Aja nganti manungsa menang nglawan Njenengan.”+
-
-
2 Babad 20:5, 6Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
5 Yéhosyafat ngadeg ing antarané jemaat Yéhuda lan Yérusalèm ing omahé Yéhuwah ing ngarepé halaman anyar. 6 Dhèwèké kandha,
”Oh Yéhuwah Gusti Allahé nènèk moyangku, mung Njenengan Gusti Allah ing swarga+ sing nguwasani kabèh kerajaan bangsa-bangsa.+ Kuwasa lan kehébatan ana ing tangan-Mu, lan ora ana sing isa nglawan Njenengan.+
-