-
1 Para Raja 8:46-50Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
46 ”Nèk wong-wong kuwi nggawé dosa marang Njenengan (merga ora ana wong sing ora dosa),+ lan Njenengan nesu marang wong-wong kuwi lan meneng waé wektu wong-wong kuwi ditangkep mungsuhé lan ditawan ing negarané mungsuhé, embuh kuwi adoh utawa cedhak,+ 47 lan wektu ditawan ing negara kuwi,+ wong-wong kuwi sadhar, terus bali marang Njenengan+ lan njaluk bèn dimesakké,+ lan kandha, ’Aku kabèh wis dosa lan tumindak salah. Aku kabèh wis tumindak jahat,’+ 48 terus wong-wong kuwi bali saktulusé atiné+ lan sepenuh jiwané* ing negarané mungsuhé sing nawan wong-wong kuwi, lan wong-wong kuwi ndonga marang Njenengan karo madhep ing arah tanah sing Njenengan wènèhké marang nènèk moyangé lan madhep ing arah kutha sing Njenengan pilih lan madhep ing arah omah sing tak bangun kanggo jeneng-Mu,+ 49 rungokna donga lan apa sing dijaluk wong-wong kuwi saka panggonan-Mu ing swarga,+ lan wènèhana wong-wong kuwi keadilan. 50 Tulung Njenengan ngapura umat-Mu sing wis dosa marang Njenengan lan ngapura kabèh pelanggarané marang Njenengan. Gawénen wong-wong sing nawan mesakké karo wong-wong kuwi+
-
-
Danièl 9:7Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
7 Oh Yéhuwah, Njenengan mesthi nindakké sing bener, ning aku lan bangsaku isané mung ngisin-isinké awakku dhéwé kaya dina iki. Wong Yéhuda, penduduk Yérusalèm, lan kabèh wong Israèl wis Njenengan sebar ing negara sing cedhak lan sing adoh merga ora setya marang Njenengan.+
-