PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Pangandharing Torèt 28:15
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 15 ”Ning, nèk kowé ora ngrungokké omongané Yéhuwah Gusti Allahmu lan ora nindakké préntah lan peraturané sing tak omongké marang kowé dina iki, kowé mesthi bakal kena kabèh kutukan iki:+

  • Pangandharing Torèt 28:36
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 36 Kowé lan raja sing mbok pilih bakal diusir Yéhuwah menyang bangsa sing ora mbok kenal lan ora dikenal nènèk moyangmu.+ Ing kana, kowé bakal nyembah allah-allah liya, sing digawé saka kayu lan watu.+

  • 2 Para Raja 17:6
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 6 Ing taun ke-9 pamréntahané Hosyéa, raja Asiria ngrebut Samaria.+ Terus, wong Israèl ditawan+ ing Asiria lan dikongkon manggon ing Hala, ing Habor cedhak Kali Gozan,+ lan ing kutha-kuthané wong Média.+

  • 2 Para Raja 25:21
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 21 Terus, raja Babilon matèni wong-wong mau ing Ribla ing dhaérah Hamat.+ Ya ngono kuwi ceritané Yéhuda ditawan saka negarané.+

  • 2 Babad 6:36-39
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 36 ”Nèk wong-wong kuwi nggawé dosa marang Njenengan (merga ora ana wong sing ora dosa),+ lan Njenengan nesu marang wong-wong kuwi lan meneng waé wektu wong-wong kuwi ditangkep mungsuhé lan ditawan ing salah siji negara, embuh kuwi adoh utawa cedhak,+ 37 lan wektu ditawan ing negara kuwi, wong-wong kuwi sadhar, terus bali marang Njenengan lan njaluk bèn dimesakké, lan kandha, ’Aku wis dosa lan tumindak salah. Aku wis tumindak jahat,’+ 38 terus wong-wong kuwi bali marang Njenengan saktulusé atiné+ lan sepenuh jiwané* ing negara panggonané+ wong-wong kuwi ditawan, terus wong-wong kuwi ndonga marang Njenengan karo madhep ing arah tanah sing Njenengan wènèhké marang nènèk moyangé, madhep ing arah kutha sing Njenengan pilih,+ lan madhep ing arah omah sing tak bangun kanggo jeneng-Mu, 39 rungokna donga lan sing dijaluk wong-wong kuwi saka panggonan-Mu ing swarga, wènèhana wong-wong kuwi keadilan,+ lan apuranen umat-Mu sing wis dosa marang Njenengan.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim