21 Wektu kuwi, Réhoboam anaké Salomo dadi raja ing Yéhuda. Réhoboam dadi raja pas umuré 41 taun, lan dhèwèké mréntah 17 taun suwéné ing Yérusalèm. Yéhuwah milih kutha kuwi+ saka antarané kabèh suku Israèl bèn dadi panggonan kanggo jenengé.+ Ibuné Réhoboam jenengé Naama wong Ammon.+