-
1 Para Raja 12:1-4Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
12 Réhoboam lunga menyang Syikhèm, merga kabèh wong Israèl padha lunga menyang Syikhèm+ kanggo ndadèkké dhèwèké raja.+ 2 Yéroboam anaké Nébat krungu soal kuwi (dhèwèké isih ana ing Mesir merga mlayu saka Raja Salomo lan manggon ing Mesir).+ 3 Terus, ana sing diutus kanggo ngundang* Yéroboam. Bar kuwi, Yéroboam lan kabèh jemaat Israèl nemoni Réhoboam lan kandha, 4 ”Bapaké njenengan wis mènèhi aku kabèh beban sing abot.+ Nèk njenengan gelem ngènthèngké beban lan gawéan sing abot saka bapaké njenengan, aku bakal nglayani njenengan.”
-