-
2 Babad 14:11Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
11 Bar kuwi, Asa ndonga marang Yéhuwah Gusti Allahé,+ ”Oh Yéhuwah, kanggoné Njenengan ora masalah nulungi wong sing kuwat* utawa ringkih.+ Oh Yéhuwah Gusti Allahku, tulungana aku lan bangsaku merga aku ngendelké Njenengan.+ Aku lan bangsaku ngadhepi pasukan iki nganggo jeneng-Mu.+ Oh Yéhuwah, Njenengan kuwi Gusti Allahku. Aja nganti manungsa menang nglawan Njenengan.”+
-
-
2 Babad 18:31Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
31 Pas para pemimpin pasukan kréta weruh Yéhosyafat, wong-wong kuwi langsung mikir, ’Kuwi raja Israèl.’ Mula wong-wong kuwi mbalik kanggo nyerang, lan Yéhosyafat bengok-bengok njaluk tulung.+ Terus Yéhuwah nulungi dhèwèké, lan Gusti Allah langsung nggawé wong-wong kuwi ninggalké dhèwèké.
-