PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • 2 Para Raja 11:5-8
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 5 Dhèwèké mènèhi préntah marang wong-wong kuwi, ”Iki sing kudu mbok lakoni: Sepertelu saka antaramu bakal éntuk tugas pas dina Sabat lan bakal njaga istana,+ 6 sepertelu liyané bakal njaga ing Gerbang Pondhasi, lan sepertelu liyané manèh bakal jaga ing mburiné para penjaga istana. Kowé bakal gentènan ngawasi istana kuwi. 7 Terus, rong kelompok sing bébas tugas pas dina Sabat kudu tenanan njaga omahé Yéhuwah kanggo nglindhungi Raja. 8 Kowé kudu ana ing sak ubengé Raja, karo nggawa senjatané dhéwé-dhéwé. Sapa waé sing nrobos kudu mbok patèni. Kowé kudu terus bareng karo Raja ing endi waé dhèwèké lunga.”*

  • 1 Babad 9:22-25
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 22 Kabèh wong sing dipilih dadi penjaga gerbang jumlahé 212. Wong-wong kuwi manggon ing panggonané sesuai daftar silsilahé wong-wong kuwi.+ Daud lan Samuèl sing isa ngerti wahyu+ mènèhi tugas kuwi marang wong-wong kuwi merga wong-wong kuwi isa dipercaya. 23 Wong-wong kuwi lan anak-anaké lanang ngawasi gerbang-gerbang omahé Yéhuwah,+ yaiku tabernakel.* 24 Para penjaga gerbang ana ing papat sisihé, yaiku wétan, kulon, lor, lan kidul.+ 25 Sedulur-seduluré bakal teka saka panggonané dhéwé-dhéwé kanggo nglayani bareng karo wong-wong kuwi pitung dina suwéné. Kuwi terus ajeg ditindakké.

  • 1 Babad 26:1
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 26 Iki kelompok-kelompok penjaga gerbang:+ saka keturunané Korah: Mésyélémia+ anaké Koré saka anak-anaké lanang Asaf.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim