PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • 1 Para Raja 14:22, 23
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 22 Yéhuda nindakké apa sing jahat nurut pandhangané Yéhuwah,+ lan dosa-dosané kuwi nggawé Gusti Allah luwih nesu marang wong-wong kuwi timbang marang nènèk moyangé.+ 23 Wong-wong kuwi ya terus nggawé panggonan-panggonan dhuwur,* tugu-tugu suci,* lan cagak-cagak suci*+ ing saben bukit sing dhuwur+ lan ing ngisor wit-wit sing rimbun.+

  • 2 Para Raja 15:32
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 32 Ing taun keloro pamréntahané Pékah anaké Rémalia raja Israèl, Yotam+ anaké Uzzia+ raja Yéhuda dadi raja.

  • 2 Para Raja 15:35
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 35 Ning panggonan-panggonan dhuwur* ora disingkirké, lan wong-wong isih terus mènèhké korban lan nggawé asap korban ing kana.+ Dhèwèké kuwi sing mbangun gerbang ndhuwur ing omahé Yéhuwah.+

  • 2 Babad 21:5
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 5 Yéhoram anaké Yéhosyafat umuré 32 taun wektu dadi raja lan mréntah suwéné wolung taun ing Yérusalèm.+

  • 2 Babad 21:11
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 11 Dhèwèké ya nggawé panggonan-panggonan dhuwur*+ ing dhaérah pegunungan Yéhuda. Kuwi nggawé penduduk Yérusalèm ora setya marang Gusti Allah, lan Yéhoram nggawé wong Yéhuda adoh saka Gusti Allah.

  • 2 Babad 33:1
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 33 Pas mréntah dadi raja, Manasyé+ umuré 12 taun lan mréntah 55 taun suwéné ing Yérusalèm.+

  • 2 Babad 33:3
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 3 Dhèwèké mbangun manèh panggonan-panggonan dhuwur* sing wis dihancurké Hizkia bapaké,+ lan dhèwèké ya mbangun mézbah-mézbah kanggo déwa-déwa Baal lan nggawé cagak-cagak suci.* Dhèwèké ya sujud lan nglayani kabèh pasukan langit.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim