PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • 2 Babad 28:5-8
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 5 Mula, Yéhuwah Gusti Allahé nyerahké dhèwèké marang raja Siria.+ Wong Siria ngalahké dhèwèké lan nggawa akèh tawanan menyang Damaskus.+ Dhèwèké ya diserahké marang raja Israèl sing matèni wong akèh banget. 6 Mung sedina, Pékah+ anaké Rémalia matèni wong 120.000 ing Yéhuda. Kabèh sing dipatèni kuwi wong sing kendel. Wong-wong kuwi dipatèni merga ninggalké Yéhuwah Gusti Allahé nènèk moyangé.+ 7 Sakliyané kuwi, Zikhri pejuang Éfraim matèni Maaséya anaké raja, Azrikam pengawas istana, lan Èlkana wong sing nomer loro sakwisé raja. 8 Wong Israèl ya nawan sedulur-seduluré 200.000, termasuk wong wédok, anak lanang, lan anak wédok. Wong-wong kuwi ya njupuk akèh banget jarahan lan nggawa jarahan kuwi menyang Samaria.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim