-
1 Babad 28:12, 13Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
12 Kabèh rancangan sing disampèkké marang Daud liwat kuwasané Gusti Allah, ya diwènèhké, yaiku rancangan kanggo halaman omahé Yéhuwah,+ kabèh ruang makan ing sak ubengé, panggonan nyimpen harta ing omahé Gusti Allah sing bener, lan panggonan nyimpen barang-barang sing disucèkké.*+ 13 Daud ya mènèhi petunjuk soal kelompok-kelompok imam+ lan wong Lèwi, soal kabèh tugas pelayanan ing omahé Yéhuwah, lan soal kabèh peralatan sing digunakké kanggo ngibadah ing omahé Yéhuwah.
-
-
2 Babad 8:14Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
14 Terus, dhèwèké netepké kelompok-kelompok imam+ lan tugas pelayanané sesuai karo pengaturané Daud bapaké. Dhèwèké ya netepké wong Lèwi lan tugas-tugasé kanggo muji Gusti Allah+ lan nglayani ing ngarepé para imam kaya sing biasa ditindakké saben dina, lan kelompok-kelompok penjaga kanggo gerbang-gerbang,+ merga kuwi sing dipréntahké Daud, abdiné Gusti Allah sing bener.
-