PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • 1 Babad 6:31, 32
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 31 Iki wong-wong sing dipilih Daud kanggo mimpin nyanyian ing omahé Yéhuwah sakwisé Pethi didèlèhké ing kana.+ 32 Wong-wong kuwi nduwé tugas dadi penyanyi ing tabernakel, yaiku kémah pertemuan, nganti Salomo mbangun omahé Yéhuwah ing Yérusalèm.+ Wong-wong kuwi nindakké tugasé.+

  • 1 Babad 15:16
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 16 Terus, Daud ngongkon para pemimpiné wong Lèwi nglantik sedulur-seduluré wong Lèwi, yaiku para penyanyi. Wong-wong kuwi bakal nyanyi karo seneng lan diiringi alat-alat musik, yaiku alat musik bersenar, harpa,+ lan simbal.+

  • 1 Babad 16:37
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 37 Terus, Daud ninggalké Asaf+ lan sedulur-seduluré ing kono, yaiku ing ngarepé pethi perjanjiané Yéhuwah, supaya wong-wong kuwi isa ajeg nglayani ing ngarepé Pethi kuwi,+ sesuai karo jadwal kanggo saben dina.+

  • 1 Babad 16:42
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 42 Bareng karo wong-wong kuwi, Héman+ lan Yédutun ngunèkké trompèt, simbal, lan alat-alat musik kanggo muji* Gusti Allah sing bener. Anak-anaké lanang Yédutun+ tugas ing gerbang.

  • 1 Babad 25:1
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 25 Terus, Daud lan para pemimpin kelompok pelayanan misahké sebagéan anak-anaké lanang Asaf, Héman, lan Yédutun+ kanggo ngramal karo diiringi harpa, alat musik sing nganggo senar,+ lan simbal.+ Wong-wong sing ditugaské kanggo pelayanan iki yaiku:

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim