-
Wilangan 18:21Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
21 ”Aku wis mènèhké sepersepuluh+ bagéan saka duwèké wong Israèl marang wong Lèwi lan kuwi bakal dadi warisané wong Lèwi lan dadi upahé kanggo gawéan sing ditindakké wong-wong kuwi yaiku nglayani ing kémah pertemuan.
-
-
Néhémia 10:38, 39Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
38 Para imam keturunané Harun kudu ana bareng karo wong Lèwi pas wong Lèwi nglumpukké sepersepuluhan mau. Wong Lèwi kudu nggawa sepersepuluh saka sepersepuluhan kuwi menyang omahé Gusti Allahku,+ menyang ruang-ruang* ing gudhang. 39 Wong Israèl lan keturunan Lèwi kudu nggawa persembahan+ biji-bijian, anggur anyar, lan minyak+ menyang gudhang-gudhang* kuwi. Ing kono, ana peralatan kanggo panggonan suci. Ing kono ya ana para imam sing nglayani, para penjaga gerbang, lan para penyanyi. Aku bakal terus nggatèkké omahé Gusti Allahku.+
-