1Ing taun keloro pamréntahané Raja Darius, ing dina pertama sasi keenem, Yéhuwah kandha liwat Nabi Hagai*+ marang gubernur Yéhuda, yaiku Zérubabèl+ anaké Syéaltièl, lan marang Imam Agung Yosua anaké Yéhozadak. Iki sing diomongké:
14 Mula, Yéhuwah ngarahké+ Zérubabèl anaké Syéaltièl, gubernur Yéhuda+ kuwi, lan Yosua+ anaké Yéhozadak, imam agung kuwi, lan kabèh wong saka bangsa kuwi. Wong-wong kuwi mulai mbangun omahé Yéhuwah pemimpiné pasukan, Gusti Allahé wong-wong kuwi.+