-
2 Babad 36:22, 23Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
22 Ing taun pertama pamréntahané Korès+ raja Pèrsia, supaya omongané Yéhuwah sing disampèkké Yérémia+ kelakon, Yéhuwah ngarahké Korès raja Pèrsia bèn nggawé pengumuman ing kabèh kerajaané. Pengumuman kuwi ya ditulis.+ Isiné: 23 ”Iki sing diomongké Korès raja Pèrsia, ’Yéhuwah Gusti Allah sing nguwasani swarga wis mènèhi aku kabèh kerajaan ing bumi,+ lan Dhèwèké nugasi aku mbangun omah kanggo Dhèwèké ing Yérusalèm, yaiku ing Yéhuda.+ Sapa waé ing antaramu sing dadi umaté, muga-muga Yéhuwah Allahé ndhukung wong kuwi. Wong kuwi bèn bali menyang Yérusalèm.’”+
-
-
Ézra 6:3, 4Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
3 ”Ing taun pertama pamréntahané Raja Korès, Raja Korès mènèhi préntah soal omahé Gusti Allah ing Yérusalèm:+ ’Omah kuwi kudu dibangun manèh bèn isa dadi panggonan kanggo mènèhké korban. Bangunen pondhasiné ing panggonané. Dhuwuré omah kuwi kudu 60 hasta* lan ambané 60 hasta.+ 4 Témboké kudu digawé nganggo telung lapis watu gedhé lan sak lapis kayu.+ Kabèh biayané ditanggung kerajaan.+
-