-
Yérémia 32:42Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
42 ”Iki sing diomongké Yéhuwah: ’Kaya Aku wis nggawé umat iki kena bencana sing medèni banget, Aku ya bakal nggawé wong-wong kuwi ngrasakké kabèh sing apik sing wis Tak janjèkké marang wong-wong kuwi.+
-
-
Yérémia 33:10, 11Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
10 ”Iki sing diomongké Yéhuwah: ’Kowé bakal kandha nèk panggonan iki gersang, ora ana wong utawa kéwané, lan nèk kutha-kutha Yéhuda lan dalan-dalan Yérusalèm wis ditelantarké, ora ana wong utawa penduduk utawa kéwané. Ing panggonan-panggonan kuwi bakal ana manèh 11 swara seneng-seneng,+ swarané mantèn lanang, swarané mantèn wédok, lan swarané wong-wong sing kandha, ”Ucapna syukur marang Yéhuwah pemimpiné pasukan, merga Yéhuwah kuwi apikan.+ Katresnané* ana saklawasé.”’+
”’Wong-wong kuwi bakal mènèhké persembahan ucapan syukur menyang omahé Yéhuwah,+ merga Aku bakal nggawa bali rakyat tanah iki sing ditawan. Keadaané wong-wong kuwi bakal dadi kaya sakdurungé,’ kandhané Yéhuwah.”
-