PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Yérémia 32
  • Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

Intiné Buku Yérémia

      • Yérémia tuku ladhang (1-15)

      • Dongané Yérémia (16-25)

      • Jawabané Yéhuwah (26-44)

Yérémia 32:1

Cathetan Ngisor

  • *

    Lit.: ”Nébukhadrézar”, éjaan liya jeneng iki.

Réferènsi Silang

  • +Yér 25:1

Yérémia 32:2

Réferènsi Silang

  • +Néh 3:25; Yér 33:1; 38:28

Yérémia 32:3

Réferènsi Silang

  • +Yér 37:18, 21
  • +Yér 34:2, 3; 37:8, 17

Yérémia 32:4

Réferènsi Silang

  • +2Raj 25:6, 7; Yér 38:17, 18; 39:5; Yèh 12:13

Yérémia 32:5

Réferènsi Silang

  • +Yér 21:4; Yèh 17:15

Yérémia 32:7

Cathetan Ngisor

  • *

    Utawa ”paklikmu”.

Réferènsi Silang

  • +Yos 21:8, 18; Yér 1:1
  • +Km 25:23, 24

Yérémia 32:9

Cathetan Ngisor

  • *

    1 syèkel = 11,4 g. Deloken Lamp. B14.

Réferènsi Silang

  • +PD 23:16

Yérémia 32:10

Cathetan Ngisor

  • *

    Utawa ”nyeluk”.

Réferènsi Silang

  • +Yér 32:44
  • +Rut 4:9

Yérémia 32:12

Réferènsi Silang

  • +Yér 36:4, 26
  • +Yér 51:59
  • +Yér 33:1

Yérémia 32:15

Réferènsi Silang

  • +Am 9:14; Za 3:10

Yérémia 32:17

Réferènsi Silang

  • +Yés 40:26; Why 4:11

Yérémia 32:18

Cathetan Ngisor

  • *

    Utawa ”katresnan sing langgeng”. Deloken Daftar Istilah.

Réferènsi Silang

  • +Pa 34:6, 7; Wi 14:18

Yérémia 32:19

Réferènsi Silang

  • +Yés 28:29
  • +WB 15:3; Ibr 4:13
  • +Pkh 12:14; Yér 17:10; Rm 2:6

Yérémia 32:20

Réferènsi Silang

  • +Pa 7:3, 5; 9:15, 16; PT 4:34; 2Sam 7:23; Yés 63:12

Yérémia 32:21

Réferènsi Silang

  • +Pa 6:1, 6; 15:16; PT 26:8

Yérémia 32:22

Réferènsi Silang

  • +PD 13:14, 15; 26:3
  • +Pa 3:8

Yérémia 32:23

Réferènsi Silang

  • +PT 28:15; Yos 23:16

Yérémia 32:24

Réferènsi Silang

  • +PT 28:52; 2Raj 25:1; Yér 33:4; Yèh 4:1, 2
  • +Km 26:31, 33
  • +Yér 14:12; 15:2

Yérémia 32:25

Cathetan Ngisor

  • *

    Utawa ”celuken”.

Yérémia 32:28

Cathetan Ngisor

  • *

    Lit.: ”Nébukhadrézar”, éjaan liya jeneng iki.

Réferènsi Silang

  • +2Raj 25:4; Yér 20:5

Yérémia 32:29

Réferènsi Silang

  • +2Raj 25:9, 10; 2Bb 36:17, 19; KP 4:11
  • +Yér 7:18; 19:13; 44:25

Yérémia 32:30

Réferènsi Silang

  • +PT 9:7; 2Raj 17:9

Yérémia 32:31

Réferènsi Silang

  • +1Raj 11:7; 2Raj 21:1, 4
  • +2Raj 23:27; 24:3, 4

Yérémia 32:32

Réferènsi Silang

  • +1Raj 11:9, 10; 2Raj 23:26; 1Bb 10:13
  • +Yèh 22:6
  • +Mi 3:5, 11

Yérémia 32:33

Cathetan Ngisor

  • *

    Lit.: ”Senajan Aku tangi ésuk-ésuk lan ngomong”.

Réferènsi Silang

  • +2Bb 29:6; Yér 2:27
  • +Yér 25:3; 35:15

Yérémia 32:34

Réferènsi Silang

  • +2Raj 21:1, 4; Yér 23:11; Yèh 8:5, 6

Yérémia 32:35

Cathetan Ngisor

  • *

    Deloken Daftar Istilah.

  • *

    Deloken ”Géhéna” ing Daftar Istilah.

  • *

    Utawa ”malah ora tau ana ing ati-Ku”.

Réferènsi Silang

  • +Yos 15:8, 12
  • +2Bb 28:1, 3; 33:1, 6; Yér 7:31
  • +Km 18:21; PT 18:10, 12

Yérémia 32:37

Réferènsi Silang

  • +PT 30:3; Yér 29:14; Yèh 37:21
  • +Yér 23:3, 6; 33:16; Yèh 34:25

Yérémia 32:38

Réferènsi Silang

  • +Yér 31:33; Mi 4:5

Yérémia 32:39

Réferènsi Silang

  • +Yèh 11:19
  • +PT 5:29

Yérémia 32:40

Cathetan Ngisor

  • *

    Lit.: ”bakal ndèlèhké rasa wedi marang Aku ing atiné”.

Réferènsi Silang

  • +Yés 55:3; 61:8
  • +Yèh 39:29
  • +Yèh 36:26

Yérémia 32:41

Cathetan Ngisor

  • *

    Deloken Daftar Istilah.

Réferènsi Silang

  • +Yés 65:19; Zéf 3:17
  • +Yés 58:11; Yér 24:6; Am 9:15

Yérémia 32:42

Réferènsi Silang

  • +Yér 31:28; Za 8:14, 15

Yérémia 32:43

Réferènsi Silang

  • +Yèh 37:14

Yérémia 32:44

Cathetan Ngisor

  • *

    Utawa ”diceluk”.

Réferènsi Silang

  • +Yér 32:10, 25
  • +Yér 31:23
  • +Yér 17:26; 33:13
  • +Mzm 126:1

Terjemahan Liya

Klik ayat kanggo ndelok ayat sing padha saka Alkitab liya.

Keterangan Liya

Yér. 32:1Yér 25:1
Yér. 32:2Néh 3:25; Yér 33:1; 38:28
Yér. 32:3Yér 37:18, 21
Yér. 32:3Yér 34:2, 3; 37:8, 17
Yér. 32:42Raj 25:6, 7; Yér 38:17, 18; 39:5; Yèh 12:13
Yér. 32:5Yér 21:4; Yèh 17:15
Yér. 32:7Yos 21:8, 18; Yér 1:1
Yér. 32:7Km 25:23, 24
Yér. 32:9PD 23:16
Yér. 32:10Yér 32:44
Yér. 32:10Rut 4:9
Yér. 32:12Yér 36:4, 26
Yér. 32:12Yér 51:59
Yér. 32:12Yér 33:1
Yér. 32:15Am 9:14; Za 3:10
Yér. 32:17Yés 40:26; Why 4:11
Yér. 32:18Pa 34:6, 7; Wi 14:18
Yér. 32:19Yés 28:29
Yér. 32:19WB 15:3; Ibr 4:13
Yér. 32:19Pkh 12:14; Yér 17:10; Rm 2:6
Yér. 32:20Pa 7:3, 5; 9:15, 16; PT 4:34; 2Sam 7:23; Yés 63:12
Yér. 32:21Pa 6:1, 6; 15:16; PT 26:8
Yér. 32:22PD 13:14, 15; 26:3
Yér. 32:22Pa 3:8
Yér. 32:23PT 28:15; Yos 23:16
Yér. 32:24PT 28:52; 2Raj 25:1; Yér 33:4; Yèh 4:1, 2
Yér. 32:24Km 26:31, 33
Yér. 32:24Yér 14:12; 15:2
Yér. 32:282Raj 25:4; Yér 20:5
Yér. 32:292Raj 25:9, 10; 2Bb 36:17, 19; KP 4:11
Yér. 32:29Yér 7:18; 19:13; 44:25
Yér. 32:30PT 9:7; 2Raj 17:9
Yér. 32:311Raj 11:7; 2Raj 21:1, 4
Yér. 32:312Raj 23:27; 24:3, 4
Yér. 32:321Raj 11:9, 10; 2Raj 23:26; 1Bb 10:13
Yér. 32:32Yèh 22:6
Yér. 32:32Mi 3:5, 11
Yér. 32:332Bb 29:6; Yér 2:27
Yér. 32:33Yér 25:3; 35:15
Yér. 32:342Raj 21:1, 4; Yér 23:11; Yèh 8:5, 6
Yér. 32:35Yos 15:8, 12
Yér. 32:352Bb 28:1, 3; 33:1, 6; Yér 7:31
Yér. 32:35Km 18:21; PT 18:10, 12
Yér. 32:37PT 30:3; Yér 29:14; Yèh 37:21
Yér. 32:37Yér 23:3, 6; 33:16; Yèh 34:25
Yér. 32:38Yér 31:33; Mi 4:5
Yér. 32:39Yèh 11:19
Yér. 32:39PT 5:29
Yér. 32:40Yés 55:3; 61:8
Yér. 32:40Yèh 39:29
Yér. 32:40Yèh 36:26
Yér. 32:41Yés 65:19; Zéf 3:17
Yér. 32:41Yés 58:11; Yér 24:6; Am 9:15
Yér. 32:42Yér 31:28; Za 8:14, 15
Yér. 32:43Yèh 37:14
Yér. 32:44Yér 32:10, 25
Yér. 32:44Yér 31:23
Yér. 32:44Yér 17:26; 33:13
Yér. 32:44Mzm 126:1
  • Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
  • 1
  • 2
  • 3
  • 4
  • 5
  • 6
  • 7
  • 8
  • 9
  • 10
  • 11
  • 12
  • 13
  • 14
  • 15
  • 16
  • 17
  • 18
  • 19
  • 20
  • 21
  • 22
  • 23
  • 24
  • 25
  • 26
  • 27
  • 28
  • 29
  • 30
  • 31
  • 32
  • 33
  • 34
  • 35
  • 36
  • 37
  • 38
  • 39
  • 40
  • 41
  • 42
  • 43
  • 44
Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
Yérémia 32:1-44

Yérémia

32 Ing taun ke-10 pamréntahané Zédékia raja Yéhuda, yaiku taun ke-18 pamréntahané Nébukhadnézar,*+ Yéhuwah kandha marang Yérémia. 2 Wektu kuwi, pasukané raja Babilon lagi ngepung Yérusalèm, lan Nabi Yérémia ditahan ing Halaman Penjaga+ ing istanané raja Yéhuda. 3 Zédékia raja Yéhuda nahan Yérémia+ lan kandha, ”Ngapa kowé ngramal kaya ngéné iki? Kowé kandha, ’Iki sing diomongké Yéhuwah: ”Aku bakal nyerahké kutha iki marang raja Babilon, lan kutha iki bakal direbut.+ 4 Zédékia raja Yéhuda ora bakal isa lolos saka wong Khaldéa merga dhèwèké mesthi bakal diserahké marang raja Babilon. Dhèwèké bakal ketemu langsung lan omong-omongan karo raja kuwi.”’+ 5 ’Raja kuwi bakal nggawa Zédékia menyang Babilon, lan Zédékia bakal tetep manggon ing kana nganti Aku mutuské dhèwèké arep Tak apakké,’ kandhané Yéhuwah. ’Senajan kowé terus nglawan wong Khaldéa, kowé ora bakal berhasil.’”+

6 Yérémia kandha, ”Yéhuwah kandha marang aku, 7 ’Hanamèl anaké Syalum pakdhému* bakal nemoni kowé lan kandha, ”Tukunen ladhangku sing ana ing Anatot,+ merga kowé sing nduwé hak kanggo nebus kuwi.”’”+

8 Kaya sing diomongké Yéhuwah, Hanamèl anaké pakdhéku nemoni aku ing Halaman Penjaga, terus kandha, ”Tukunen ladhangku sing ana ing Anatot ing dhaérah Bènyamin, merga kowé sing nduwé hak kanggo nduwèni lan nebus kuwi. Tukunen ladhang kuwi.” Mula, aku dadi ngerti nèk kuwi sing dikarepké Yéhuwah.

9 Terus, ladhang ing Anatot kuwi tak tuku saka Hanamèl anaké pakdhéku. Bar kuwi, aku nimbang dhuwit+ jumlahé pitung syèkel* lan sepuluh dhuwit pérak, terus tak wènèhké dhèwèké. 10 Bar kuwi, aku nulis akte jual-beli tanah,+ terus tak sègel. Aku ya ngundang* seksi-seksi+ lan nimbang dhuwit kuwi ing timbangan. 11 Akte jual-beli kuwi tak jupuk, yaiku akte sing wis disègel sesuai préntah lan peraturan hukum lan akte sing ora disègel. 12 Terus, akte jual-beli kuwi tak wènèhké Barukh+ anaké Néria+ anaké Mahséya ing ngarepé Hanamèl anaké pakdhéku, seksi-seksi sing nandha-tangani akte kuwi, lan kabèh wong Yahudi sing lungguh ing Halaman Penjaga.+

13 Ing ngarepé kabèh wong kuwi, aku mréntahké Barukh, 14 ”Iki sing diomongké Yéhuwah pemimpiné pasukan Gusti Allahé Israèl: ’Jupuken akte-akte kuwi, yaiku sing disègel lan sing ora. Simpenen kuwi kabèh ing wadhah saka tanah liat bèn isa awèt.’ 15 Iki sing diomongké Yéhuwah pemimpiné pasukan Gusti Allahé Israèl: ’Ing tanah iki, bakal ana manèh omah, ladhang, lan kebon sing dituku.’”+

16 Sakwisé mènèhké akte kuwi marang Barukh anaké Néria, aku ndonga ngéné marang Yéhuwah, 17 ”Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah, Njenengan wis nggawé langit lan bumi nganggo kuwasané Njenengan sing gedhé+ lan kekuwatané Njenengan. Ora ana sing mustahil kanggo Njenengan. 18 Njenengan wis nduduhké katresnan* marang éwonan wong, ning Njenengan tetep nggawé anak-anak nanggung kesalahané bapaké.+ Njenengan kuwi Gusti Allah sing bener, sing mulya lan kuwat, sing jenengé Yéhuwah pemimpiné pasukan. 19 Rencana-Mu kuwi luar biasa, lan tumindak-Mu kuwi hébat.+ Njenengan ngamati kabèh tumindaké manungsa+ bèn isa mbales saben wong sesuai karo tumindak lan kelakuané.+ 20 Njenengan nggawé mukjijat lan tandha ing Mesir, sing dikenal nganti jaman saiki. Mula, Njenengan nggawé jeneng-Mu terkenal ing Israèl lan ing antarané manungsa,+ kaya sing arep kelakon saiki. 21 Njenengan ya mbébaské umat-Mu Israèl saka Mesir nganggo tandha, mukjijat, kuwasa-Mu sing gedhé, kekuwatan-Mu, lan tumindak sing luar biasa.+

22 ”Bar kuwi, Njenengan mènèhi wong-wong kuwi tanah iki, sing wis Njenengan janjèkké nganggo sumpah marang nènèk moyangé wong-wong kuwi,+ yaiku tanah sing akèh susu lan maduné.+ 23 Terus wong-wong kuwi mlebu lan ngrebut tanah iki, ning padha ora manut omongan-Mu lan ora nindakké hukum-Mu. Wong-wong kuwi babar blas ora nindakké préntah-Mu. Mula, Njenengan nyebabké wong-wong kuwi kena akèh bencana.+ 24 Wong-wong wis padha teka lan mbangun témbok pengepungan bèn isa ngrebut kutha iki.+ Merga pedhang,+ kelaparan, lan wabah penyakit,+ kutha iki mesthi bakal diserahké marang wong Khaldéa sing nyerang kutha iki. Kabèh sing Njenengan omongké wis kelakon kaya sing Njenengan delok saiki. 25 Ning, Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah, Njenengan kandha marang aku, ’Tukunen ladhang, lan undangen* seksi-seksi,’ padahal kutha iki bakal diserahké marang wong Khaldéa.”

26 Yéhuwah kandha marang Yérémia, 27 ”Aku iki Yéhuwah, Gusti Allahé kabèh manungsa. Kanggo-Ku, apa ana sing angèl banget? 28 Mula iki sing diomongké Yéhuwah: ’Aku bakal nyerahké kutha iki marang wong Khaldéa lan marang Nébukhadnézar* raja Babilon. Kutha iki bakal direbut.+ 29 Wong Khaldéa bakal teka lan ngobong kutha iki nganti entèk.+ Wong Khaldéa ya bakal ngobong omah-omah sing atapé dienggo mènèhké korban marang Baal lan sing dienggo ngesokké persembahan minuman kanggo allah-allah liya sing nglarani ati-Ku.’+

30 ”’Kuwi merga kèt isih enom, wong Israèl lan Yéhuda terus nindakké sing ora bener nurut pandhangan-Ku.+ Tumindaké wong Israèl terus-terusan nglarani ati-Ku,’ kandhané Yéhuwah. 31 ’Kèt mbangun kutha iki nganti saiki, wong-wong kuwi terus-terusan nggawé Aku nesu.+ Mula kutha iki kudu disingkirké saka ngarep-Ku,+ 32 merga kabèh kejahatan sing ditindakké wong Israèl lan Yéhuda. Para raja,+ pejabat,+ imam, nabi,+ lan penduduk Yérusalèm padha nglarani ati-Ku. 33 Senajan bola-bali Tak kandhani,* wong-wong kuwi terus-terusan nolak lan ngrèmèhké Aku.+ Ora ana sing gelem ngrungokké, lan ora ana sing gelem dikandhani.+ 34 Wong-wong kuwi ndèlèhké brahala-brahala sing njijiki ing omah sing disebut nganggo jeneng-Ku bèn nggawé omah kuwi dadi najis.+ 35 Wong-wong kuwi ya mbangun panggonan-panggonan dhuwur* kanggo Baal ing Lembah Putra Hinom*+ kanggo ngobong anak-anaké dadi korban kanggo Molèkh.+ Aku ora tau mréntahké kuwi+ lan malah ora tau mikir* arep ngongkon wong-wong kuwi nindakké perkara-perkara sing njijiki kaya ngono sing nggawé wong Yéhuda dadi dosa.’

36 ”Kowé wis kandha nèk kutha iki bakal direbut raja Babilon nganggo pedhang, kelaparan, lan wabah penyakit. Mula iki sing diomongké Yéhuwah Gusti Allahé Israèl: 37 ’Aku bakal nglumpukké wong-wong kuwi saka tanah panggonané wong-wong kuwi Tak sebar pas Aku nesu banget.+ Aku bakal nggawa wong-wong kuwi bali menyang panggonan iki lan nggawé wong-wong kuwi manggon aman ing kono.+ 38 Wong-wong kuwi bakal dadi umat-Ku, lan Aku bakal dadi Gusti Allahé.+ 39 Aku bakal nggawé ati+ lan tumindaké wong-wong kuwi berubah bèn wong-wong kuwi terus ngrasa wedi marang Aku. Kuwi Tak tindakké bèn wong-wong kuwi lan keturunané diberkahi.+ 40 Aku bakal nggawé perjanjian sing ana sakterusé+ karo wong-wong kuwi, yaiku nèk Aku bakal terus apikan marang wong-wong kuwi.+ Aku bakal nggawé wong-wong kuwi ngajèni Aku* bèn wong-wong kuwi ora ninggalké Aku.+ 41 Aku bakal seneng nindakké apa sing apik marang wong-wong kuwi.+ Aku bakal nggawé wong-wong kuwi manggon sakterusé ing tanah iki.+ Aku bakal nindakké kuwi kabèh saktulusé ati-Ku lan sepenuh jiwa-Ku.’”*

42 ”Iki sing diomongké Yéhuwah: ’Kaya Aku wis nggawé umat iki kena bencana sing medèni banget, Aku ya bakal nggawé wong-wong kuwi ngrasakké kabèh sing apik sing wis Tak janjèkké marang wong-wong kuwi.+ 43 Ing tanah iki, wong-wong bakal tuku ladhang manèh+ senajan kowé kandha, ”Panggonan iki gersang lan ora ana wong utawa kéwané. Panggonan iki ya wis diserahké marang wong Khaldéa.”’

44 ”’Ladhang-ladhang bakal dituku, akte jual-beli bakal ditulis lan disègel, lan seksi-seksi bakal diundang.* Iki bakal kelakon ing dhaérah Bènyamin,+ ing dhaérah sekitaré Yérusalèm, ing kutha-kutha Yéhuda,+ ing kutha-kutha dhaérah pegunungan, ing kutha-kutha ing dataran rendah,+ lan ing kutha-kutha sisih kidul, sebab wong-wong sing ditawan bakal Tak gawa bali manèh,’+ kandhané Yéhuwah.”

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim