-
2 Para Raja 25:6, 7Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
6 Bar kuwi, Raja Zédékia ditangkep+ lan digawa marang raja Babilon ing Ribla, terus dihukum. 7 Wong-wong kuwi matèni anak-anaké lanang Zédékia ing ngarepé Zédékia. Terus, Nébukhadnézar nggawé mripaté Zédékia dadi wuta, nalèni sikilé lan tangané nganggo ranté tembaga, lan nggawa dhèwèké menyang Babilon.+
-
-
Yérémia 38:17, 18Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
17 Terus Yérémia kandha marang Zédékia, ”Iki sing diomongké Yéhuwah, Gusti Allah pemimpiné pasukan, Gusti Allahé Israèl: ’Nèk kowé nyerah marang para pejabaté raja Babilon, kowé bakal slamet lan kutha iki ora bakal diobong nganti entèk. Kowé lan keluargamu bakal slamet.+ 18 Ning, nèk kowé ora gelem nyerah marang para pejabaté raja Babilon, kutha iki bakal diserahké marang wong Khaldéa lan bakal diobong nganti entèk.+ Kowé ora bakal isa lolos.’”+
-