-
Yérémia 32:4, 5Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
4 Zédékia raja Yéhuda ora bakal isa lolos saka wong Khaldéa merga dhèwèké mesthi bakal diserahké marang raja Babilon. Dhèwèké bakal ketemu langsung lan omong-omongan karo raja kuwi.”’+ 5 ’Raja kuwi bakal nggawa Zédékia menyang Babilon, lan Zédékia bakal tetep manggon ing kana nganti Aku mutuské dhèwèké arep Tak apakké,’ kandhané Yéhuwah. ’Senajan kowé terus nglawan wong Khaldéa, kowé ora bakal berhasil.’”+
-
-
Yèhèzkièl 12:12, 13Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
12 Pemimpin sing ana ing antarané wong-wong kuwi bakal manggul barang-barangé ing pundhaké lan lunga pas wis peteng. Dhèwèké bakal njebol témbok lan metu saka kono karo nggawa barang-barangé.+ Dhèwèké bakal nutupi wajahé bèn ora isa ndelok lemah. 13 Aku bakal nguncalké jaring-Ku, lan dhèwèké bakal ketangkep ing jaring kuwi.+ Aku bakal nggawa dhèwèké menyang Babilon, menyang tanahé wong Khaldéa, ning dhèwèké ora bakal isa ndelok tanah kuwi. Dhèwèké bakal mati ing kana.+
-