-
Pangentasan 7:5Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
5 Wong Mesir bakal ngerti nèk Aku Yéhuwah+ wektu Aku nggunakké kuwasa-Ku kanggo nglawan Mesir lan nggawa wong Israèl metu saka Mesir.”
-
-
Pangentasan 9:15, 16Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
15 Sakjané isa waé Aku nggunakké kuwasa-Ku kanggo ngukum kowé lan rakyatmu, lan kowé bakal disingkirké saka bumi iki. 16 Ning, Aku isih péngin kowé urip bèn Aku isa nduduhké kuwasa-Ku marang kowé, lan bèn kabèh wong sing ana ing bumi ngerti jeneng-Ku.+
-
-
Pangandharing Torèt 4:34Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
34 Apa Gusti Allah tau milih bangsa siji saka antarané bangsa-bangsa liya bèn dadi duwèké? Apa Dhèwèké tau perang,+ mènèhi hukuman, tumindak sing nggawé wong-wong wedi,+ nggawé mukjijat,+ nduduhké kuwasa sing gedhé,+ lan nduduhké kekuwatan bèn isa ndadèkké bangsa kuwi dadi duwèké kaya sing ditindakké Yéhuwah Gusti Allahmu ing Mesir ing ngarepmu?
-
-
2 Samuèl 7:23Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
23 Apa ana bangsa liyané ing bumi sing kaya Israèl umat-Mu?+ Gusti Allah wis tumindak lan nebus wong-wong kuwi bèn dadi umaté.+ Gusti Allah nggawé mukjijat sing hébat+ lan luar biasa bèn jenengé saya dikenal.+ Njenengan ngusir bangsa-bangsa lan allah-allahé kanggo kepentingané umat-Mu, yaiku wong-wong sing wis Njenengan tebus saka Mesir.
-