PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Pangentasan 14:17
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 17 Aku bakal meneng waé senajan wong Mesir tetep ndableg, bèn wong-wong kuwi ngoyak* kowé. Aku bakal ngalahké Firaun, kabèh pasukané, kréta perangé, lan kabèh prajurité sing numpak jaran, bèn Aku dimulyakké.+

  • Yosua 2:9, 10
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 9 Dhèwèké kandha, ”Aku yakin nèk Yéhuwah bakal mènèhké tanah iki marang kowé.+ Kabèh wong ing kéné padha wedi karo kowé.+ Kabèh penduduk ing kéné ndredheg merga kowé,+ 10 sebab wis padha krungu nèk Yéhuwah ngasatké Laut Merah ing ngarepmu wektu kowé metu saka Mesir.+ Kabèh wong ing kéné ya krungu nèk kowé wis matèni rajané wong Amori sing ana ing sabrangé* Kali Yordan, yaiku Sihon+ lan Og.+

  • 1 Babad 16:24
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 24 Critakna soal kemuliaané ing antarané bangsa-bangsa

      Lan soal tumindaké sing luar biasa ing antarané kabèh suku bangsa.

  • Wulang Bebasan 16:4
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    •  4 Yéhuwah nggunakké apa waé bèn tujuané kelakon,

      Lan Dhèwèké mesthi bakal nyingkirké wong sing jahat.+

  • Yésaya 63:12
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 12 Endi Gusti Allah sing nuntun Musa nganggo kuwasané sing gedhé*+

      Lan sing mbelah laut ing ngarepé umaté+

      Bèn jenengé diéling-éling nganti saklawasé?+

  • Roma 9:17
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 17 Ana ayat sing kandha soal Firaun, ”Aku isih péngin kowé urip bèn Aku isa nduduhké kuwasa-Ku lan bèn kabèh wong sing ana ing bumi ngerti jeneng-Ku.”+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim