PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Pangentasan 7:17
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 17 Mula Yéhuwah kandha ngéné, ”Kowé bakal ngerti nèk Aku iki Yéhuwah+ saka apa sing bakal Tak tindakké. Banyu ing Kali Nil bakal Tak gebug nganggo tongkat-Ku, lan banyuné bakal dadi getih.

  • Pangentasan 8:9, 10
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 9 Musa kandha karo Firaun, ”Njenengan isa ngandhani aku kapan aku kudu njaluk marang Gusti Allah bèn kodhok-kodhok kuwi disingkirké saka njenengan, saka rakyaté njenengan, lan saka istanané njenengan. Kodhok-kodhok kuwi mung bakal ana ing Kali Nil.” 10 Firaun njawab, ”Sésuk.” Terus Musa kandha, ”Ya, kuwi bakal kelakon, bèn njenengan ngerti nèk ora ana sing kaya Yéhuwah Gusti Allahku.+

  • Pangentasan 8:22
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 22 Wektu kuwi, Aku bakal nglindhungi tanah Gosyèn, tanah sing dienggoni umat-Ku. Ora bakal ana laler ing kono.+ Kowé bakal ngerti nèk Aku, Yéhuwah, sing nguwasani bumi iki.+

  • Pangentasan 9:29
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 29 Musa kandha, ”Sakwisé aku lunga saka kéné, aku bakal ndonga* marang Yéhuwah. Udan lan bledhèg bakal mandheg, bèn njenengan ngerti nèk bumi iki duwèké Yéhuwah.+

  • Pangentasan 14:4
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 4 Bèn waé Firaun* tetep ndableg.+ Bèn waé dhèwèké ngoyak wong Israèl. Aku bakal ngalahké Firaun lan pasukané+ bèn Aku dimulyakké, lan wong Mesir bakal ngerti sapa Yéhuwah kuwi.”+ Mula, wong Israèl nindakké kabèh sing dipréntahké.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim