-
Pangentasan 9:15, 16Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
15 Sakjané isa waé Aku nggunakké kuwasa-Ku kanggo ngukum kowé lan rakyatmu, lan kowé bakal disingkirké saka bumi iki. 16 Ning, Aku isih péngin kowé urip bèn Aku isa nduduhké kuwasa-Ku marang kowé, lan bèn kabèh wong sing ana ing bumi ngerti jeneng-Ku.+
-
-
Pangentasan 18:10, 11Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
10 Yitro kandha, ”Muga-muga Yéhuwah diluhurké merga wis nylametké kowé saka Mesir lan Firaun lan wis nylametké wong Israèl sing ditindhes wong Mesir. 11 Saiki aku ngerti nèk Yéhuwah luwih unggul timbang allah-allah liyané,+ merga Dhèwèké wis nglindhungi umaté saka wong Mesir sing sombong lan kejem.”
-
-
Yosua 2:9, 10Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
9 Dhèwèké kandha, ”Aku yakin nèk Yéhuwah bakal mènèhké tanah iki marang kowé.+ Kabèh wong ing kéné padha wedi karo kowé.+ Kabèh penduduk ing kéné ndredheg merga kowé,+ 10 sebab wis padha krungu nèk Yéhuwah ngasatké Laut Merah ing ngarepmu wektu kowé metu saka Mesir.+ Kabèh wong ing kéné ya krungu nèk kowé wis matèni rajané wong Amori sing ana ing sabrangé* Kali Yordan, yaiku Sihon+ lan Og.+
-