-
Pangentasan 7:5Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
5 Wong Mesir bakal ngerti nèk Aku Yéhuwah+ wektu Aku nggunakké kuwasa-Ku kanggo nglawan Mesir lan nggawa wong Israèl metu saka Mesir.”
-
-
Pangentasan 7:17Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
17 Mula Yéhuwah kandha ngéné, ”Kowé bakal ngerti nèk Aku iki Yéhuwah+ saka apa sing bakal Tak tindakké. Banyu ing Kali Nil bakal Tak gebug nganggo tongkat-Ku, lan banyuné bakal dadi getih.
-
-
Pangentasan 8:9, 10Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
9 Musa kandha karo Firaun, ”Njenengan isa ngandhani aku kapan aku kudu njaluk marang Gusti Allah bèn kodhok-kodhok kuwi disingkirké saka njenengan, saka rakyaté njenengan, lan saka istanané njenengan. Kodhok-kodhok kuwi mung bakal ana ing Kali Nil.” 10 Firaun njawab, ”Sésuk.” Terus Musa kandha, ”Ya, kuwi bakal kelakon, bèn njenengan ngerti nèk ora ana sing kaya Yéhuwah Gusti Allahku.+
-
-
Pangandharing Torèt 10:14Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
14 Yéhuwah Gusti Allahmu kuwi sing nduwé langit, malah langit sing paling dhuwur, lan sing nduwé bumi sak isiné.+
-
-
Mazmur 24:1Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
24 Bumi sak isiné kuwi duwèké Yéhuwah.+
Tanah lan sing manggon ing kono ya duwèké.
-