PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • 2 Babad 5:13
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 13 Wong-wong sing nyebul trompèt lan para penyanyi bareng-bareng muji Yéhuwah lan ngucap syukur. Wong-wong kuwi muji Yéhuwah lan kandha, ”Merga Dhèwèké kuwi apikan lan katresnané* ana saklawasé,”+ karo diiringi swara trompèt, simbal, lan alat musik liyané. Wektu kuwi, omahé Yéhuwah dikebaki méga.+

  • Ézra 3:11
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 11 Wong-wong kuwi mulai nyanyi saut-sautan+ kanggo ngucap syukur lan muji Yéhuwah, ”merga Dhèwèké apikan lan katresnané* marang Israèl ana nganti saklawasé”.+ Bangsa kuwi padha sorak-sorak muji Yéhuwah merga pondhasi omahé Yéhuwah wis rampung dibangun.

  • Mazmur 106:1
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 106 Pujinen Yah.*

      Ucapna syukur marang Yéhuwah, merga Dhèwèké kuwi apikan.+

      Katresnané* ana saklawasé.+

  • Yésaya 12:4
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    •  4 Wektu kuwi kowé bakal ngomong,

      ”Ucapna syukur marang Yéhuwah, sebutna jenengé wektu ndonga,

      Critakna soal tumindaké marang bangsa-bangsa.+

      Critakna nèk jenengé kuwi luhur.+

  • Mikha 7:18
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 18 Apa ana Gusti Allah sing kaya Njenengan,

      Sing ngapura salah lan ora ngéling-éling pelanggarané+ wong Israèl sing isih urip?+

      Dhèwèké ora bakal nesu nganti saklawasé

      Merga Dhèwèké seneng nduduhké katresnan sing langgeng*+ marang umaté.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim