-
2 Para Raja 25:13-15Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
13 Wong Khaldéa ngremuk cagak-cagak tembaga+ omahé Yéhuwah, grobag-grobag,+ lan Laut Tembaga+ sing ana ing omahé Yéhuwah, terus nggawa tembagané menyang Babilon.+ 14 Wong-wong kuwi ya nggawa wadhah awu, sekop, alat kanggo matèni geni ing sumbu, cangkir, lan kabèh peralatan saka tembaga sing digunakké ing bait. 15 Kepala pengawal kuwi njupuk kabèh wadhah bara lan mangkok-mangkok sing digawé saka emas+ lan pérak murni.+
-
-
2 Babad 36:7Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
7 Nébukhadnézar nggawa sebagéan peralatan saka omahé Yéhuwah menyang Babilon lan ndèlèhké kuwi ing istanané ing Babilon.+
-
-
2 Babad 36:18Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
18 Kabèh peralatan ing omahé Gusti Allah sing bener, sing cilik lan sing gedhé, karo harta ing omahé Yéhuwah lan harta duwèké raja lan duwèké para pejabaté, kabèh digawa menyang Babilon.+
-
-
Danièl 1:1, 2Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
1 Ing taun ketelu pamréntahané Yéhoyakim+ raja Yéhuda, Nébukhadnézar raja Babilon teka lan ngepung Yérusalèm.+ 2 Yéhuwah nyerahké Yéhoyakim raja Yéhuda lan sebagéan peralatan baité Gusti Allah sing bener marang Nébukhadnézar.+ Nébukhadnézar nggawa kabèh kuwi menyang kuilé déwané ing tanah Syinar*+ lan ndèlèhké kuwi ing panggonan nyimpen harta.+
-