-
Ézra 9:3, 4Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
3 Wektu krungu kuwi, aku langsung nyuwèk klambiku lan nyabut rambut lan jénggotku, terus lungguh karo lemes. 4 Terus, wong-wong sing ngajèni omongané Gusti Allahé Israèl padha ngumpul ngubengi aku, merga wong-wong kuwi padha kuwatir karo dosa sing ditindakké para tawanan sing padha bali. Wektu kuwi, aku lungguh karo lemes nganti wektuné persembahan biji-bijian diwènèhké pas soré.+
-
-
Danièl 9:3-5Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
3 Terus, aku ngadhep marang Yéhuwah Gusti Allah sing bener. Aku ndonga marang Dhèwèké, pasa,+ nganggo kain goni, lan nyawuri awakku nganggo awu. 4 Aku ndonga marang Yéhuwah Gusti Allahku lan ngakoni dosaku lan dosané bangsaku,
”Oh Yéhuwah Gusti Allah sing bener, Gusti Allah sing agung lan luar biasa, sing nepati perjanjiané, sing nduduhké katresnané sing langgeng*+ marang wong sing nresnani lan manut préntahé,+ 5 aku lan bangsaku wis dosa, salah, nindakké sing jahat, lan mbrontak.+ Aku lan bangsaku ya ora manut préntah lan hukum-Mu.
-