PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Ézra 9:6, 7
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 6 Aku kandha, ”Oh Gusti Allahku, aku isin lan ngrasa ora pantes ndonga marang Njenengan, merga kesalahanku lan kesalahané bangsaku wis numpuk nganti ngluwihi sirahku. Pelanggaranku lan pelanggarané bangsaku ya wis tumpuk-tumpuk nganti tekan langit.+ 7 Aku lan bangsaku wis dosa gedhé banget kèt jamané nènèk moyangku nganti saiki.+ Aku, raja-rajaku, lan para imamku diserahké marang raja-raja saka bangsa liya, dipatèni nganggo pedhang,+ ditawan,+ dijarah,+ lan diisin-isinké nganti saiki.+ Kuwi kabèh kelakon merga kesalahanku lan kesalahané bangsaku.

  • Néhémia 9:26
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 26 ”Ning, wong-wong kuwi ora manut, mbrontak nglawan Njenengan,+ lan ninggalké Hukumé Njenengan. Nabi-nabiné Njenengan sing wis ngélikké wong-wong kuwi bèn padha bali marang Njenengan malah dipatèni. Wong-wong kuwi bener-bener ora ngajèni Njenengan.+

  • Néhémia 9:33
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 33 Njenengan wis tumindak adil lan setya. Kabèh iki tak alami merga aku kabèh wis tumindak jahat.+

  • Mazmur 106:6
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    •  6 Aku wis nindakké dosa kaya nènèk moyangku.+

      Aku wis nggawé kesalahan lan nindakké kejahatan.+

  • Kidung Pangadhuh 3:42
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 42 ”Aku lan bangsaku wis dosa lan mbrontak,+ lan Njenengan ora ngapura+ aku lan bangsaku.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim