-
Ayub 20:26-29Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
26 Dhèwèké bakal kélangan kabèh hartané.
Dhèwèké bakal kaya diobong geni sing ora dikipasi.
Wong sing isih ana ing kémahé bakal kena bencana.
27 Langit bakal ngandhani salahé wong kuwi,
Lan bumi bakal nglawan dhèwèké.
28 Omahé bakal ilang merga banjir.
Wektu nesu, Gusti Allah bakal nyebabké banjir sing gedhé.
29 Kuwi balesané Gusti Allah kanggo wong sing jahat.
Kuwi bagéan sing wis ditentokké Gusti Allah kanggo dhèwèké.”
-