PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • 1 Para Raja 3:12
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 12 mula Aku bakal nuruti apa sing mbok jaluk.+ Aku bakal mènèhi kowé ati sing wicaksana lan kebak pengetahuan,+ supaya sakdurungé kowé lan sakwisé kowé, ora ana wong sing kaya kowé.+

  • 1 Para Raja 4:29
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 29 Gusti Allah terus mènèhi Salomo kawicaksanan,* pengetahuan, lan pemahaman sing akèh banget kaya pasir ing pantai.+

  • Ayub 35:11
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 11 Dhèwèké mulang awaké dhéwé+ bèn isa nduwé luwih akèh pengetahuan timbang kéwan ing bumi,+

      Lan Dhèwèké nggawé awaké dhéwé luwih wicaksana timbang manuk ing langit.

  • Wulang Bebasan 2:6
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    •  6 Yéhuwah sing mènèhi kawicaksanan.+

      Pengetahuan lan pertimbangan asalé saka Dhèwèké.

  • Pengkhotbah 2:26
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 26 Wong sing nyenengké Gusti Allah diwènèhi kawicaksanan, pengetahuan, lan rasa seneng.+ Ning, wong sing dosa diwènèhi gawéan kanggo ngumpulké lan nimbun harta bèn isa diwènèhké marang wong sing nyenengké Gusti Allah sing bener.+ Iki ya ora ana gunané kaya ngoyak* angin.

  • Danièl 1:17
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 17 Gusti Allah sing bener mènèhi cah lanang papat mau kawicaksanan, pengetahuan, lan pemahaman soal kabèh karya sastra.* Danièl ya diwènèhi kesanggupan bèn isa ngerti artiné wahyu lan mimpi-mimpi.+

  • Matius 11:25
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 25 Wektu kuwi, Yésus ya kandha, ”Bapakku, Penguasané langit lan bumi, aku ngluhurké Njenengan ing ngarepé wong-wong iki. Njenengan ndhelikké kabèh iki saka wong-wong sing wicaksana lan pinter, ning nduduhké kuwi marang wong-wong sing rendah hati kaya cah cilik.+

  • Yakobus 1:5
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 5 Mula, nèk ing antaramu ana sing kurang wicaksana,* dhèwèké kudu terus njaluk marang Gusti Allah+ bèn diwènèhi kawicaksanan,+ merga Gusti Allah bakal murah hati wektu mènèhké kuwi lan ora nggolèk-nggolèk salahmu.*+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim