-
Purwaning Dumadi 6:5Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
5 Yéhuwah ndelok nèk kejahatané manungsa akèh banget ing bumi. Pikiran lan atiné manungsa jahat terus.+
-
-
Ayub 31:4Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
4 Apa Gusti Allah ora ndelok tingkah lakuku+
Lan nggatèkké kabèh tumindakku?
-
-
Wulang Bebasan 5:21Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
21 Yéhuwah ndelok kabèh kelakuané manungsa.
Dhèwèké nggatèkké tenanan kabèh tumindaké manungsa.+
-
-
Wulang Bebasan 15:3Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
3 Mripaté Yéhuwah nggatèkké apa sing kelakon ing endi-endi.
Dhèwèké nggatèkké wong sing jahat lan wong sing apik.+
-
-
Yérémia 16:17Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
17 Kuwi merga Aku ndelok kabèh sing ditindakké wong-wong kuwi.
Wong-wong kuwi ora isa ndhelik saka Aku.
Kesalahané ya ora isa didhelikké saka Aku.
-