-
Purwaning Dumadi 18:14Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
14 Apa ana sing ora mungkin kanggoné Yéhuwah?+ Aku bakal mréné manèh taun ngarep ing wektu sing padha kaya ngéné iki, lan wektu kuwi Sara bakal nduwé anak lanang.”
-
-
Mazmur 135:6Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
6 Yéhuwah nindakké apa waé sing disenengi+
Ing langit, ing bumi, ing laut, lan ing njero laut.
-
-
Yésaya 55:10, 11Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
10 Udan lan salju sing mudhun saka langit ora bakal bali manèh sakdurungé bumi dadi teles.
Kuwi mesthi bakal nggawé tanduran padha thukul, ngetokké buah,
Ngetokké benih sing isa ditandur, lan mènèhi bahan pangan sing isa dipangan.
11 Omongan-Ku ya kaya ngono.+
Kabèh sing Tak omongké mesthi bakal kelakon.+
Kuwi mesthi bakal kelakon kaya sing Tak karepké.*+
Kabèh sing Tak préntahké mesthi bakal berhasil.
-
-
Yérémia 32:17Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
17 ”Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah, Njenengan wis nggawé langit lan bumi nganggo kuwasané Njenengan sing gedhé+ lan kekuwatané Njenengan. Ora ana sing mustahil kanggo Njenengan.
-