-
2 Para Raja 22:18, 19Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
18 Ning, kanggo raja Yéhuda sing ngutus kowé njaluk tuntunané Yéhuwah, ngomonga ngéné, ”Iki sing diomongké Yéhuwah Gusti Allahé Israèl: ’Soal omongan sing mbok rungokké kuwi, 19 merga atimu tanggap* lan kowé wis ngrendhahké dhiri+ ing ngarepé Yéhuwah wektu kowé krungu omongan-Ku soal panggonan iki lan penduduké, yaiku nèk penduduké bakal dikutuk lan wong sing ndelok kuwi bakal ngrasa wedi, lan merga kowé nyuwèk klambimu+ lan nangis ing ngarep-Ku, Aku ya bakal ngrungokké dongamu, kandhané Yéhuwah.
-
-
Lukas 15:22-24Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
22 Ning, bapaké ngomong karo budhak-budhaké, ’Cepet! Jupukna jubah sing paling apik, lan enggokna marang dhèwèké. Terus, kowé kudu ngenggokké dhèwèké cincin lan sandhal. 23 Pilihen anak sapi sing lemu, terus belèhen. Ayo awaké dhéwé mangan-mangan kanggo ngrayakké iki, 24 sebab anakku iki mauné mati, ning saiki wis urip manèh.+ Dhèwèké mauné ilang, ning saiki wis ketemu.’ Kabèh dadi seneng banget.
-
-
Lukas 18:13, 14Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
13 Ning, petugas pajeg kuwi ngadeg ing kadohan, malah ndhangak waé ora wani. Dhèwèké terus nggebugi dhadhané lan kandha, ’Gusti Allah, tulung mesakké aku. Aku iki wong dosa.’+ 14 Kowé tak kandhani, wektu wong iki mulih, Gusti Allah bakal nganggep dhèwèké luwih bener timbang wong Farisi kuwi,+ sebab Gusti Allah bakal nggawé isin saben wong sing rumangsa hébat, ning bakal ngunggulké wong sing rendah hati.”+
-