PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Mazmur 14:1-7
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 14 Wong bodho mbatin,

      ”Yéhuwah kuwi ora ana.”+

      Tumindaké wong kuwi jahat lan disengiti Gusti Allah.

      Ora ana sing tumindaké apik.+

       2 Saka swarga, Yéhuwah ndelok manungsa ing bumi

      Merga péngin ngerti sapa sing nduwé pemahaman lan sing nggolèk tuntunané Yéhuwah.+

       3 Kabèh manungsa ora nindakké sing bener manèh.+

      Kabèh wong kuwi jahat.

      Ora ana sing tumindaké apik,

      Ora ana babar blas.

       4 Apa wong jahat ora nduwé pengetahuan

      Nganti gampang banget nindhes umaté Gusti Allah kaya nèk mangan roti

      Lan ora njaluk tuntunané Yéhuwah?

       5 Ning, wong-wong kuwi bakal wedi banget,+

      Merga Yéhuwah mihak wong-wong* sing bener.

       6 Wong jahat ngupaya ngrusak rencanané wong cilik,

      Ning Yéhuwah nglindhungi wong cilik kuwi.+

       7 Muga-muga sing nylametké Israèl teka saka Zion.+

      Muga-muga Yakub seneng, muga-muga Israèl seneng

      Wektu Yéhuwah ngumpulké manèh umaté sing ditawan.

  • Roma 3:10
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 10 Iki sesuai karo ayat sing kandha, ”Ora ana wong sing bener, ora ana babar blas.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim