PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Mazmur 53:superskripsi-6
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • Kanggo pemimpin musik: Nurut Mahalat.* Maskil.* Lagu sing digawé Daud.

      53 Wong sing bodho mbatin,

      ”Yéhuwah kuwi ora ana.”+

      Tumindaké wong kuwi ora bener, jahat, lan disengiti Gusti Allah.

      Ora ana sing tumindaké apik.+

       2 Saka swarga, Gusti Allah ndelok manungsa ing bumi+

      Merga péngin ngerti sapa sing nduwé pemahaman lan sing nggolèk tuntunané Yéhuwah.+

       3 Ora ana manèh manungsa sing tumindaké bener.

      Kabèh wong kuwi jahat.

      Ora ana sing tumindaké apik,

      Ora ana babar blas.+

       4 Apa wong jahat ora nduwé pengetahuan

      Nganti gampang banget nindhes umaté Gusti Allah kaya nèk mangan roti

      Lan ora njaluk tuntunané Yéhuwah?+

       5 Ning, wong-wong kuwi bakal wedi banget.

      Wong-wong kuwi durung tau ngrasa wedi banget nganti kaya ngono.*

      Gusti Allah bakal nggawé balung-balungé wong-wong sing nyerang* kowé dadi pating slebar.

      Kowé bakal nggawé wong-wong kuwi isin, merga Yéhuwah wis nolak wong-wong kuwi.

       6 Muga-muga sing nylametké Israèl teka saka Zion.+

      Muga-muga Yakub seneng, muga-muga Israèl seneng

      Wektu Yéhuwah ngumpulké manèh umaté sing ditawan.

  • Roma 3:10-12
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 10 Iki sesuai karo ayat sing kandha, ”Ora ana wong sing bener, ora ana babar blas.+ 11 Ora ana sing nduwé pemahaman, lan ora ana sing nggolèki Gusti Allah. 12 Kabèh ora nindakké sing bener manèh, lan kabèh wong kuwi wis ora ana gunané. Ora ana sing apikan, ora ana babar blas.”+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim