-
Yérémia 7:23, 24Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
23 Ning iki sing Tak préntahké: ”Manuta karo omongan-Ku, lan Aku bakal dadi Gusti Allahmu, lan kowé bakal dadi umat-Ku.+ Kowé kudu manut karo kabèh préntah-Ku* bèn kowé diberkahi.”’+ 24 Tapi, wong-wong kuwi ora gelem ngrungokké utawa nggatèkké.*+ Wong-wong kuwi malah nuruti karepé* dhéwé lan ndableg nuruti kepénginan atiné sing jahat.+ Wong-wong kuwi ora dadi luwih apik, ning malah dadi luwih èlèk
-
-
Yérémia 11:7, 8Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
7 Pas nggawa nènèk moyangmu metu saka Mesir, Aku wis ngélikké wong-wong kuwi, ”Manuta omongan-Ku.”+ Aku isih terus* ngélikké wong-wong kuwi nganti saiki. 8 Ning, wong-wong kuwi ora gelem ngrungokké utawa nggatèkké.* Wong-wong kuwi malah ndableg nuruti kepénginan atiné sing jahat.+ Mula, Aku ngukum wong-wong kuwi sesuai karo apa sing ditulis ing perjanjian. Kuwi perjanjian sing wis Tak préntahké bèn ditindakké wong-wong kuwi lan perjanjian sing wis ditolak wong-wong kuwi.’”
-
-
Mikha 6:16Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
16 Merga kowé manut préntahé Omri lan niru kelakuané keluargané Ahab+
Lan kowé ya manut omongané wong-wong kuwi,
Kuwi sebabé Aku bakal ngukum kowé.
Wong-wong bakal kagèt merga apa sing bakal Tak tindakké marang kowé.
-