PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Pangentasan 24:9, 10
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 9 Musa, Harun, Nadab, Abihu, lan 70 pemimpiné Israèl munggah gunung. 10 Wong-wong kuwi ndelok Gusti Allahé Israèl.+ Ing ngisor sikilé kaya ana lantai saka watu safir, lan kuwi kaya langit sing cerah.+

  • Yésaya 6:1-3
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 6 Ing taun pas Raja Uzzia mati,+ aku ndelok Yéhuwah lungguh ing takhtané sing dhuwur,+ lan jubahé sing dawa nutupi kabèh bagéan bait. 2 Para sérafim* ngadeg ing sekitaré Gusti Allah. Saben sérafim nduwé sayap enem. Loro dienggo nutupi wajahé, loro dienggo nutupi sikilé, lan loro dienggo mabur.

       3 Para sérafim kuwi ngomong karo sérafim liyané,

      ”Suci, suci, suci Yéhuwah pemimpiné pasukan.+

      Bumi kebak karo kemuliaané.”

  • Yèhèzkièl 1:27, 28
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 27 Aku ndelok nèk saka pinggang nganti tekan ndhuwur, Dhèwèké kaya emas putih+ sing bersinar lan ana geni ing sak ubengé. Saka pinggang nganti tekan ngisor, Dhèwèké kaya geni.+ Ing sak ubengé, ana cahaya 28 kaya pelangi+ ing méga pas udan. Ya kaya ngono kuwi cahaya sing ana ing sak ubengé. Kuwi kaya kemuliaané Yéhuwah.+ Pas ndelok kuwi, aku sujud. Terus, aku krungu ana swara wong sing ngomong.

  • Wahyu 4:2, 3
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 2 Bar kuwi, roh suciné Gusti Allah langsung nguwasani aku. Terus, aku ndelok ana takhta ing swarga, lan ana sing lungguh ing takhta kuwi.+ 3 Sing lungguh ing takhta kuwi bersinar kaya watu yaspis+ lan watu sardis.* Takhta kuwi diubengi pelangi sing wernané kaya zamrud.*+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim