19 Bar kuwi, Mikaya kandha, ”Saiki rungokna omongané Yéhuwah. Aku ndelok Yéhuwah lungguh ing takhtané+ lan kabèh pasukan langit padha ngadeg ing cedhaké, ing sisih tengen lan kiwané.+
9 ”Pas aku isih ndelok kuwi, ngerti-ngerti ana takhta-takhta sing ditata. Terus, aku ndelok Sing Lanjut Usia+ lungguh ing takhtané.+ Klambiné putih kaya salju,+ lan rambuté putih kaya wol. Takhtané saka geni, lan rodha-rodhané saka geni sing murub.+