-
2 Babad 18:18-22Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
18 Terus Mikaya kandha, ”Saiki rungokna omongané Yéhuwah. Aku ndelok Yéhuwah lungguh ing takhtané+ lan kabèh pasukan langit+ padha ngadeg ing sisih tengen lan kiwané.+ 19 Bar kuwi, Yéhuwah kandha, ’Sapa sing bakal ngapusi Ahab raja Israèl supaya dhèwèké mangkat lan mati ing Ramot-giléad?’ Sing siji ngomong ngéné, lan sing sijiné ngomong ngono. 20 Terus, ana malaékat*+ sing maju lan ngadeg ing ngarepé Yéhuwah lan kandha, ’Aku sing arep ngapusi dhèwèké.’ Yéhuwah takon, ’Piyé carané kowé ngapusi dhèwèké?’ 21 Dhèwèké njawab, ’Aku bakal lunga lan nggawé para nabiné ngapusi.’* Gusti Allah kandha, ’Lungaa lan tindakna kuwi. Kowé bakal ngapusi dhèwèké, lan kowé bakal suksès.’ 22 Kuwi sebabé Yéhuwah ngijinké malaékaté nggawé nabi-nabimu iki ngapusi.+ Ning, Yéhuwah wis ngumumké nèk njenengan bakal kena bencana.”
-
-
Danièl 7:9, 10Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
9 ”Pas aku isih ndelok kuwi, ngerti-ngerti ana takhta-takhta sing ditata. Terus, aku ndelok Sing Lanjut Usia+ lungguh ing takhtané.+ Klambiné putih kaya salju,+ lan rambuté putih kaya wol. Takhtané saka geni, lan rodha-rodhané saka geni sing murub.+ 10 Takhta mau ngetokké geni kaya banyu sing mili. Ana sèwu ping sèwu malaékat sing nglayani Dhèwèké,+ lan ana sepuluh èwu ping sepuluh èwu malaékat sing ngadeg ing ngarepé.+ Pengadilan dimulai,+ lan buku-buku dibukak.
-